20151019

UPACARA ADAT KROBONGAN

ADAT KROBONGAN

Ing wewengkon Surakarta, mliginipun Keraton Surakarta Hadiningrat, lampahipun pahargyan temanten taksih jangkep, arupi panggih penganten lan krobongan.

Ingkang dipunwastani upacara adat krobongan tumraping penganten, inggih menika upacara ingkang katindakaken sabibaripun panggih (dhaup). Dene tata caranipun inggih menika kados ing ngandhap punika:

1. Timbangan
Ingkang nindakaken timbangan inggih punika ramanipun penganten putri kanthi cara mangku penganten kekalih kiwa tengen.  Minangka pasemon bilih rama ibunipun penganten putri anggenipun ngrengkuh dhumateng penganten kekalih boten emban cindhe emban siladan kados putra piyambak.

2. Kacar-kucur
Penganten kakung maringi rejeki kanthi wujud arta receh, beras kawak, kacang kawak, dhele kawak  linambaran klasa bangka dhumateng penganten putri. Pralambang tanggel jawab dhumateng kulawarga, tansah tekun pados sandhang pangan.

3. Dulangan
Katindakaken kanthi ngepel sekul pethak lajeng kadulangaken cekap kaping sepisan.  Piring wadhah sekul lan lawuh lajeng katangkepaken, ingkang dipunwastani gambuhan.  Tegesipun sageda tansah manunggal lan jumbuh kang ginayuh.  Sabibaripun dulangan, dipunlajengaken ngunjuk rujak degan ingkang kapendhet saking klapa ingkang wala (nembe uwoh sepisan).

4. Sungkeman
Ingkang dipunsungkemi penganten kekalih inggih punika rama ibunipun penganten kakung putri, ugi eyangipun ingkang taksih sugeng.