20151016

NYUKUR RAMBUT GEMBEL

Upacara Adat Nyukur Rambut Gembel
Ana sawijining tradhisi sing saben taun dipengeti  ing tlatah Wonosobo yaiku upacara adat nyukur rambut gembel. Upacara iki mung dipengeti ing tlatah Wonosobo awit pancen ana gegayutane karo sejarahe kutha iki. Kacarita, ing jaman biyen ana kyai cacah telu rawuh ing sawijining alas ( alas = wana ) sing saiki diarani Wonosobo. Kyai mau asmane  Kyai Karim, Kyai Kaladite, lan Kyai Walik. Ya kyai telu mau sing  mandhegani adeging kutha Wonosobo. Dene sing ana gegayutane  karo tata upacara adat nyukur rambut gembel yaiku Kyai Kaladite amarga panjenengane iku sing kajibah nggulawenthah bocah-bocah.
 Kyai Kaladite kagungan rikma sing dawa lan gembel. Sadurunge muksa paring pangandikan mangkene :  “ Para sadulur, sapungkurku mengko, yen ana bocah sing rambute gembel, aja dimunasika, jalaran kuwi isih momonganku! “  Mula nganti wektu saiki, ing tlatah Wonosobo yen ana bocah sing rambute gembel, anggone nyukur kudu nganggo tata upacara adat amarga bocah kuwi kalebu bocah sukerta sing kudu diruwat. Yen ora diruwat, manut kapitayane masyarakat kono bocah  rambut gembel mau bisa nuwuhake sambekala. Nanging yen diruwat, bocah-bocah mau bakal ngrejekeni. Kajaba iku yen bocah-bocah rambut gembel iku dicukur tanpa diruwat dhisik, rambut sing thukul bisa gembel maneh lan bocahe tansah lelaranen.
Kapan bocah rambut gembel iku bisa dicukur rambute ? Pranyata rambut gembel mau oleh dicukur yen bocahe wis nyuwun dhewe kepengin cukur. Biasane saliyane nyuwun dicukur, bocah mau uga duwe panyuwunan liyane sing kudu disembadani dening wong tuwane. Upamane nyuwun endhog, nyuwun gula jawa, utawa nyuwun ditanggapake ringgit purwa, lan liyane sing kala-kala panyuwunan mau ora klebu nalar. Yen panyuwunan iku ora dituruti, bocahe bisa lara lan angel diusadani. Mung eloke, lumrahe panyuwunan mau manut kekuatane wong tuwane.
Ubarampe sing dicawisake kanggo upacara adat nyukur rambut gembel yaiku
1.      Payung
2.      Beras kuning
3.      Baki sing dilambari mori putih karo gunting
4.      Kembang telon sing diselehake ing tuwung
5.      Tumpeng warna-warni ( tumpeng : megana, rasul, robyong, putih, lan bucu cilik )
6.      Ingkung ayam Jawa
7.      Bubur abang putih
8.      Jajan pasar
Dene tata rakiting upacara kaya mangkene :
Sedina sadurunge upacara ruwatan, ubarampe sing diperlokake kanggo upacara ruwatan wis dicawisake wong tuwane si gembel ( sebutane bocah rambut gembel ).  Ing dina sing wis pinilih sadurunge acara diwiwiti kabeh ubarampe ruwatan mau digawa ing Candi Arjuna. Sirahe bocah diblebet nganggo kain putih nganti bathuke ketutupan.    Bocah gembel mau terus dikirab numpak dhokar, ditutake para penari lan barongsai. Kirabe  ngubengi kampung lan Jalan Raya Dieng dipungkasi ing platarane Candi Arjuna.
Sawise kirab, terus dianakake siraman ing sumur Sendhang Sedayu sing mapan ing kompleks Candi Arjuna. Nalika mlebu ing sumur Sendhang Sedayu, bocah gembel mau dipayungi nganggo Payung Robyong lan dialing-alingi kain dawa ing sakupenge sendhang. Rampung kuwi, bocah dikanthi menyang papan kanggo nyukur ing kompleks candi. Bocah sing rambute gembel dipangku wong tuwane lan dijagari eyange, yen eyange isih sugeng. Sesepuh sing mandhegani upacara banjur ngendika : “ Ing dinten menika badhe mbucal sukeripun lare menika kanthi nyukur rambut ingkang gembel, pramila nyuwun restu dhumateng Kyai Karim, Kyai Kaladite, saha Kyai Walik supados tansah njangkungi dhumateng lare menika. “ Diterusake dedonga babarengan karo  para rawuh.  Sawise ndedonga, rambut sing gembel dikebuli menyan lan diwiwiti nyukur. Sing sepisanan nyukur yaiku sesepuh desa, disusul para sesepuh sing liyane.
Sasuwene nyukur, bocah mau kudu dipayungi  lan dikepyuri beras kuning. Rampung kacukur, rambut gembel dibuntel nganggo kain mori putih terus dilarung ing  Tlaga Warna sing mili menyang Kali Serayu terus menyang Segara Kidul nganti ing Samudra Hindia. Sawise kuwi bocah diutus maem jajan pasar lan daging ingkung sacukupe. Ora lali, barang sing dadi panyuwune bocah diparingake. Sing pungkasan, sawernane tumpeng sing wis sumadiya dienggo kembul bujana andrawina.
Nyukur rambut gembel iki ancas tujuane yaiku mbuwang sukertane bocah saengga uwal saka pamangsane Bathara Kala. Amarga manut kapitayan bocah sukerta iki ditunggoni jin, mula kanthi dicukur lan dilarung rambut gembele ateges wis nglungakake jin mau.