20151016

RANGGA LAWE GUGUR

RANGGALAWE GUGUR
Ranggalawe iku sawijining paraga kang gedhe lelabuhane mbiyantu  Raden Wijaya nalika ngedegake kraton Majapahit. Nalika  Raden Wijaya mbabad alas Tarik (saiki diarani Sidoarjo) dadi sawijining desa kang diarani Majapahit, Ranggalawe sing mandhegani mbabat alas kasebut.  Sawise Raden Wijaya dadi ratu ing Majapahit,  Raden Wijaya maringi bebungah ndadekake Ranggalawe dadi bupati Tuban. Nanging ing pungkasaning carita, Ranggalawe gugur minangka pemberontak ing kraton Majapahit. Saka katrangan sejarah, Ranggalawe urip nalika Raden Wijaya dadi ratu ing Majapahit.
Carita Ranggalawe Gugur ing sandiwara iki dudu sejarah nanging mung dongeng sing   nyaritakake paraga Ranggalawe kang uripe tunggal jaman karo Minakjingga lan Damarwulan. Nalika samana sing dadi ratu ing Majapahit yaiku Ratu Tri Buana Tunggadewi utawa uga kasebut ratu Kencanawungu. Saiki semaken caritane !
Adegan 1
( Ing pendhapa kadipaten Tuban, Ranggalawe lenggah  kaadhep dening Sanggalangit sing dipercaya dadi penasehat lan pujangga kadipaten. )
Ranggalawe    :  “Paman, Paman Sanggalangit ...... yen sesuk aku mati, aku titip Watangan lan Buntaran ya Paman.... reksanen lan jaganen ya !”
Sanggalangit   :  “Nuwun sewu Kanjeng Adipati, panjenengan sampun ngendika kados makaten, sampun damel ringkih manahipun piyambak. Kekiyatan menika dumunung ing batos. Batos menika dumunungipun wonten ing raos. Raos menika kedahipun dipunolah. Ratu menika raos Kanjeng Adipati.... Sinten ingkang saged ngolah raos, temtu mangkenipun dados ratu.”
Ranggalawe    :    “Oh... ngono Paman?” Aku mengko bakal bisa dadi ratu, Paman?” Wah, Paman bisa ngramal, ora rugi aku duwe pujangga Sanggalangit.
Sanggalangit   :    “ Inggih...inggih Kanjeng Adipati, sambotenipun saged dados ratuning diri pribadi. Pramila sampun ngantos sumelang mangke Paman ingkang badhe bebela, panjenengan mangke badhe nampi bintang minangka tumbal kusumaning negara.”
Ranggalawe    : “Ya Paman, uripku bakal dadi tumbal kusumaning negara. Aku mantep nindakake dhawuhing ratu Kencana Wungu kanggo nyekel Adipati Blambangan Minakjingga kang mbalela mbuh urip utawa mati. Dherekna aku ya Paman, sing prayitna!’
Sanggalangit   :  “Mangga, mangga Kanjeng Adipati.”
Adegan 2
(Ranggalawe mapag lakune Adipati Blambangan sing lagi gawe ontran-ontran ing wilayah Majapahit amarga kepengin dadi ratu Majapahit lan nggarwa Dyah Ayu Kencana Wungu. Minakjingga didherekake Dayun abdi kinasihe).
Ranggalawe    : “Minakjingga! Ayo, papagna kridhaku, iki Senapati Majapahit kang bakal nugel gulumu Minakjingga!”
Minakjingga    :  “Oh, Paman Ranggalawe...sungkem pangabekti kawula katur Paman.”
Ranggalawe    :  “Isih jangkep trapsilamu? Ora gendheng ta, sukur isih waras !”
Minakjingga    : “Taksih Paman, kula mboten gendheng. Waras, sehat, taksih ngertos sopan santun...alah hiyung-hiyung.”
Ranggalawe    :  “Minakjingga, apa bener kowe dhakah-dhakah kepengin dadi ratu?
Minakjingga    : “Kula nagih janji Paman, lelabuhan kula ing Majapahit sampun ageng. Ingkang mboten gadhah lelabuhan mawon saged nangkring, mukti wibawa...menapa kula lepat Paman?”
Ranggalawe    :  “Dadi ratu ngono ora gampang Minakjingga, apa maneh caramu iki wis gawe sengsarane kawula sing ora ngerti dosa, padha kokpidana, koklebokake ing pakunjaran, koksiksa, yen perlu kokpateni. Apa kuwi patrape manungsa?”
Minakjingga    : “Tiyang-tiyang ingkang dados korban menika, ingkang ngalang-alangi kula. Upami tiyang-tiyang kala wau sami nyengkuyung kula, temtu mboten dados korban malah kepara mulya gesangipun Paman. Pokoke yen rewel, mbanggel ...kek....dhet !”






Ranggalawe    : “Lha yen sing ngalang-alangi aku, arep apa Minakjingga...arep kokpateni ya?”
Minakjingga    :  “Adhuh Paman Ranggalawe, mugi kula kapejahan kemawon Paman!”
Ranggalawe    : “Yen bisa dakelingake, wurungna anggonmu kepengin dadi ratu ing Majapahit lan kepengin nggarwa Dyah Ayu Kencana Wungu. Selehna kabeh ubarampe perangmu, ayo sowan Majapahit, mengko aku sing bakal nyuwunake pangapura marang ratu Dyah Ayu Kencana Wungu.
Minakjingga    : “Adhuh...adhuh mbek meyong, mbek kethekur...adhuh ayune...suwunaken tresnanipun Dyah Ayu Kencana Wungu mawon Paman, kula kepengin dhaup...kula mboten lepat.”
Ranggalawe    :  “Minakjinggo, kowe rumangsa ora luput ?”
Minakjingga    :  “Mboten Paman, saestu mboten.”
Ranggalawe    : “Dasar dudu wataking manungsa, yen ora budheg kupingmu....mripatmu weruh...mesthi ngerti sapa aku ?”
Minakjingga    :  “Ngertos, panjenengan Paman Ranggalawe ta ?”
Ranggalawe    :  “Keparat ! Wani kowe karo aku ?”
Minakjingga    :  “Kadhung ambyur, rawe-rawe rantas malang-malang putung!”
Ranggalawe    :  “Bocah murang tata, saiki adhepana aku !”
Minakjingga    : “Alah hiyung-hiyung.....adhuh Paman...... Menapa paman kesupen nalika semanten nate ngendikan? “He Minakjingga ya sing aran Jaka Umbaran, mbesuk kalamun menang perang tandhing mungsuh Kebomarcuet, bakal gedhe ganjarane. Ora esuk ora sore.....klakon dhaup karo Dyah Ayu Kencana Wungu ratu Majapait. Sampeyan sampun ngapusi Paman... Punggawa praja kok leda-lede...kaya tempe bosok!”
Ranggalawe    : “Embuh, ora idhep! Pokoke aku ora sarujuk yen kowe kepengin dhaup karo Dyah Ayu Kencana Wungu...titik! Eling Minakjingga, ngilo... ngaca yen rupamu morak-marik kaya celengan peyot, ngerti?”
Minakjingga    :  “Alah ...hiyung-hiyung....cethanipun Paman ngina kalih kula!”
Ranggalawe    :  “Pancen ya elek tenan, arep bukti ? Coba takonana abdi kinasihmu kae !”
Minakjingga    : “Dayun....Dayun.....coba sowana mrene Dayun, ingsun arep takon, wangsulana sing jujur, aja goroh!”
Dayun             :  “Wonten napa lurahe? Undang-undang, gemboran, mbudhegi wong melek.”
Minakjingga    :  “Miturut kowe, rupaku bagus ta Yun?”
Dayun             :  “Nggih lurahe, nggantheng sanget kados celengan.”
Minakjingga    :  “Hus, Dayun.!” Aja kesuwen Dayun, jupukna pusakaku sing aran Gada Wesi Kuning kanggo ngepruk sirahe Ranggalawe kareben ajur kumur-kumur Dayun...!”
Dayun             :  “Nggih kula pendhetaken lurahe.”
Minakjingga    : “Cepet...aja kesuwen Dayun!”
Dayun             : “Inggih gusti...niki pusakane lurahe.”
Ranggalawe    : “Ha ha ha ha... He Minakjingga, endi piyandelmu... jare pusaka Gada Wesi Kuning ampuh, coba tamakna aku!  Iki senapati Majapahit, ora bakal mundur sajangkah lan ora bakal tinggal glanggang colong playu...enggal tamakna aku!”
Minakjingga    : “Hiyung-hiyung...mbek meyong mbek kethekur, yen pancen Paman bosen urip, niki Paman Ranggalawe...klakon dak kepruk sirahmu, dadi glangsaran kwandhamu!”

Pranyata ampuh tenan kasektene Gada Wesi Kuning, Adipati Tuban sing kawentar sekti mandraguna tiba glangsaran sawise mustakane  dikepruk nganggo pusaka Gada Wesi Kuning. Ranggalawe gugur. Minakjingga gilang gumuyu karo sumbar yen ora bakal ana satria sing bisa nandhingi kasektene. Dyah Ayu Kencana Wungu bakal dadi garwane. Minakjingga ora ngerti yen ing papan liyane ana trubusane satria sekti mandraguna sing bakal ngethok gulune yaiku satria sing asmane Damarwulan.