20151016

ASAL USUL WIDURI

Asal-usul Widuri ing Kutha Pemalang

Ing sawijining dina, Panembahan Senopati nampa palapuran ana telik sandi sing nyusup menyang Kraton Mataram Telik sandi mau sesilih Pangeran Salingsingan saka Kraton Cirebon. Wus sawetara suwe Kraton Cirebon nedya nggempur lan ngasorake prajurit Mataram.
Panembahan Senopati dhawuh marang Pangeran Purbaya supaya nyekel telik sandi mau. Pangeran Purbaya diparingi sipat kandel Keris Kyai Simonglang.
Pangeran Purbaya kelakon bisa ketemu Pangeran Salingsingan. Salingsingan pingin ngrebut lan nguasani Jawa Tengah saka Mataram. kekarone ora padha gelem ngalah wusana dadi dredah, kepara dadi pancakara pangeran salingsingan kaseser banjur mlayu tekan pesisir lor. Pangeran Purbaya terus mbujung playune Pangeran Salingsingan. Pangeran Salingsingan mlayu ngulon nganti tekan kraton kebon agung (saiki Pemalang). Ing kraton Kebon Agung kekarone padha-padha kelangan lacak.
Pangeran Purbaya ngrasakake sayah lan salit, badane nandhang tatu arang kranjang. Pangeran Purbaya lumaku ngulon mlipir pesisir lor. Wusana Sang Pangeran mampir ing gubug kang ana sacedhake pategalan kono. Iba kagete bareng priksa ing kono ana wanita ayu sing lagi tunggu tanduran.
Nyai Pedaringan dhewekan ing gubuge, isih nyepake sarapan, panganan kang paling disenengi, kaki pedaringan isih gawe lahan anyar kang mengkone ditanduri palawija. Ora let suwe teka wong lanang kang bagus rupane. Dheweke njaluk pamit mlebu. Nyai Pedaringan kaget, dheweke isih mlongo sajake bingung banjur si Nyai Pedaringan ngamati wong bagus mau saka dhuwur tekan ngisor awake. Ing lengen tengene ana getih ireng kenthel, getih kae katon nyata nanging ing gegere ana barang kang nyelip malah kaya gaman pusaka kerajaan, sajake sapa wong iki? Pitakon iki kang ana ing jero atine Nyai Pedaringan.
Nyumurupi kahanane Pangeran Purbaya sing kesayahen lan nandhang tatu-tatu, ndadekake wedi lan welase wanita mau
“Mangga pinarak ingkang sekeca, Raden.” Guneme wanita iku kanthi rasa welas asih.
Ora let suwe pawongan mau ngenalake awake kanthi santun nyeritakake asale muasale dheweke teka ing gubug Nyai Pedaringan.
“Aja wedi, Nyai aku Pangeran Purbaya saka Mataram sing lagi mbujung playune mungsuh. Jenengmu sapa? Mbok aku wenehana banyu sacegukan kanggo jampi salit!”
“Kula Nyai Pedaringan, Raden. Kula mboten gadhah toya. Kangge jampi salit mangga Raden kula aturi semangka.”
Banjur Nyai Pedaringan ngrewangi ngobati.
Ora suwe wong loro mau dadi cedhak. Tekan awan, pangeran Purbaya pamit bali arep nerusake lakune. Pangeran Papak Purbaya nitipake kerise kanggo bebungah marang nyai Pedaringan. Si pangeran aweh pesen, yen keris mau diarani Simonglang iku dijaga lan diopeni. Uga dikarepake yen mengkone keris iku dadi pusaka dhaerah iku lan kang duwe hak nduweni sarta ngrawat keris iki yaiku kaluwarga Pedaringan lan keturunane. Sapa-sapa ora nduweni hak njupuk keris mau kajaba pangeran Papak Purbaya utawa wong sing kabeh driji tangane papak kaya duwene pangeran Papak Purbaya. Pangeran Papak Purbaya nerusake perjalanane marang kidul. Ing tengah-tengah lakune dheweke kudu ngliwati kali cilik saka arah wetan lan ngalir tumuju kulon kang lokasine cedhak karo segara (ing basa jawa: Malang) dheweke kaya entuk ilham utawa wangsit saka sing gawe urip kanggo menehi jeneng dhaerah iki “Pemalang”.
Kisahe, wis rada sore kaki Pedaringan nembe bali ngomah, Kaki Pedaringan rada getun lan gumun, biasanya nyai Pedaringan nggawake panganan nanging nganti sore kaya iki si Nyai ora marani. Getun dadi cemburu merga kaki ngonangi nyai Pedaringan isih nyekeli keris kang dudu duweke Kaki Pedaringan. Banjur Nyai Pedaringan aweh penjelasan nerangake kepriye critane dheweke nyekel keris mau. Nanging kaki Pedaringan ora gelem nrima penjelasan saka nyai, malah dadi ribut. Ing akhir tukarane, nyai Pedaringan nyabut kerise kanggo mbuktikake tresnane, keris mau dienggo ngiris drijine. Getih kang seger mau netes saka drijine kang lentik. Nyai Pedaringan sumpah menawa tetesan getih kang diolesake ing kembang widuri bisa dadi warna ungu, iku tandane tresnane isih suci. Ndeleng kedadeyan mau, kaki Pedaringan dadi gela lan njaluk pangapura marang nyai Pedaringan. Kanggo nebus dosane kaki Pedaringan lan nggoleti pangeran Papak Purbaya. Nanging nganti saiki kaki Pedaringan ora tau bali. Saiki nyai Pedaringan kang diarani “Nyai Widuri” urip dhewekan karo bayi kang isih ana ing wetenge. Nganti akhir umure, nyai widuri dadi randa. Saiki jeneng widuri diabadikake kanggo jeneng desa, merga nyai widuri tau urip ning kono.