20151017

PANGERAN MAONENG

Pangeran Maoneng

Pangeran Maoneng didherekake garwane Dewi Sulastri, Patih Yudapraja lan para prajurit Mataram tumuju menyang laladan Mataram imbang kulon. Lakune tekan sapinggiring alas Roban kanggo ngawekani  manawa ana apa-apa Pangeran Maoneng pribadi sing arep martinjo sajrone alas.

Ing sajrone alas Roban Pangeran Maoneng ketemu karo Pangeran Suma Hadilaga. Pangeran Suma Hadilaga wektu samana lagi ngupadi pawongan pamintane putrane kang sesilih Sarioneng. Titikan ing anggone Pangeran Maoneng jibles karo sing dikarepake Sarioneng. Mula Pangeran Suma Hadilaga minta supaya Pangeran Maoneng kersa dipundhut mantu. Pangeran Maoneng ora kersa awit dheweke pancen wis kagungan garwa. Sulayane rembug dadi dredah kepara dadi panca kara Pangeran Maoneng keseser banjur manut diboyong menyang Kraton Kebon Agung.
Ing Kraton Kebon Agung Pangeran Maoneng rumangsa kesengsem karo Dewi Sarioneng. Sakarone banjur dipalakramakake.

Palakrama kekarone ndadekake ora sukane patih Kebon Agung kang aran Jongsari mula nalika Pangeran Maoneng ditodhi kaprigelane ulah kaprajuritan,Pangeran Maoneng dadi pangewan-ewan Patih Jongsari sapendherek. Kalodhangan iki digunakake kanggo males seriking ati Patih Jongsari sing sejatine duwe sir marang Dewi Sarioneng. Priksa  pokale patihe Pangeran Suma Hadilaga duka. Sang Patih Jongsari wis siyaga nampani dukane sang Pangeran. Wekasane rembug dadi pancakara.

Ing pancakara iki Pangeran Sumahadilaga tiwas. Patih Jongsari tumuli dadi pangeran ing Kebon Agung.  Dewi Sarioneng dipeksa dadi garwa prameswari. Dewi Sarioneng ora kersa banjur linggar saka kraton. Ing tengah dalan Dewi Sarioneng ketemu karo Pangeran Maoneng.
Patih Jongsari sapendherek mbujung playune Dewi Sarioneng . Iba kagete bareng weruh kekasihe wis sarimbitan karo Pangeran Maoneng sing dikira wis tiwas. Pangeran Maoneng lan Dewi Sarioneng lumawan marang patih Jongsari .

Kacarita Dewi Sulastri lan Patih Yudapraja sapendherek kuwatir, mula banjur nungka tindake Pangeran Maoneng. Ing tengahe wana Dewi Sulastri sapendherek priksa manawa Pangeran Maoneng  karo sang Dewi dikroyok Patih Jongsari sabalane. Ora gantalan wektu banjur sabyantu marang kekarone, wusanane Pangeran Maoneng  sapendherek mimpang. Patih Jongsari tiwas, wangkene dibuwang ing kali sing iline malang saka kidul ngalor tekan pesisir lor. Kuwandane Patih Jongsari sing dibuwang ing kali malang. Mula bareng karo rejane jaman Kraton Kebon Agung saprene katelah Pa Malang utawa Pemalang.