20151010

Angon Bebek Asile Gedhe

Angon Bebek Asile Gedhe
Sapa nyana sapa ngira kedhele bisa dadi tempe, sapa ngira asile wong ngingu bebek kanyatane asile gedhe, malah ngluwihi gajine Pegawai Negeri Sipil (PNS) golongan telu. Sanajan pakaryan iki dianggep sepele nanging panguripane wong angon bebek bisa diarani kecukupan. Modhal pakan bebek, ora kudu kelangan dhuwit akeh. Wong angon bebek luwih seneng milih ngingu bebek kanthi cara pindhah-pindhah utawa nomadhen. Bebeke diumbar menyang pesawahan sing bubar dipanen.

Ana sawijining pawongan sing arane Guncang Gunawan. Umure wolulas (18)  taun. Manggone bareng karo wong tuwane ing desa Panican, Kecamatan Kemangkon  Kabupaten Purbalingga. Anggone angon bebek udakara sepuluh kilo adohe saka omahe, mula Guncang karo bapake gawe gubug cilik sing payone nganggo damen. Alat-alat kanggo nggodhog wedang lan panganan mentah, panganan mateng, jajan saanane kanggo nyambung urip tansah sumimpen ing gubug mau. Sepedha motor cacah loro kang ditutup karung goni katon isih anyar lan kinyis-kinyis, mratandhani yen asile ngingu bebek cukup lumayan. Guncang ngaku menawa turu mung lambaran klasa tumpukan dami/damen sing ditutup karung-karung goni.
Ambune telek bebek sing nyogrok irung wis ora dirasa maneh amarga wis kulina saben dina. Paribasane Guncang kudu mangan turu bareng karo bebek-bebeke.

Cacahe bebek ingonane Guncang karo bapake ana telungatus (300). Bebek semono akehe dibagi dadi rong kandhang. Saben sakandhang isine bebek satus seket (150). Bebek sing wis tuwa dipisah karo bebek sing isih enom. Kabeh wis padha ngendhog. Saka bebek telungatus mau saben dina rata-rata ngasilake endhog rongatus (200). Rega endhog bebek siji sewu patangatus Rupiah (Rp 1.400). Juragan endhog bebek mesthi teka kanggo tuku endhog bebek saben rong dina sepisan. Menawa dietung penghasilane saben sasi ana wolung juta patangatus ewu Rupiah (Rp 8,4 juta). Nalika ditakoni dening tanggane sing asmane Pak Anton ngenani kepriye carane supaya bebeke ngendhog akeh, wangsulane Guncang nganggo basa krama alus kaya iki:
Pak Anton       :  “Kepriye carane supaya bebekmu ngendhog akeh Mas  ?”
Guncang         :  “Bebekipun kula ngon wonten ing sabin ingkang nembe dipunpanen.
Pak Anton       :  “O...dadi bebeke dipakani gabah-gabah sing kecicir ing sawah ?”
Guncang         :  “Nggih leres, mangke tigan ingkang dipunasilaken tambah kathah.
Pak Anton       :  “Dadi Mas Guncang pindhah-pindhah panggonan kanggo nggoleki sawah sing nembe dipanen?”
Guncang         :  “Nggih, nanging matur rumiyin kalian ingkang kagungan sabin. Biyasanipun menawi ingkang kagungan sabin rawuh, kula aturi tigan”.
Pak Anton       :  “Yen ora usum panen kepriye  Mas ?”
Guncang         :  “Kepeksa tumbas pakan loyang (sekul aking) ingkang saben kilonipun regi kalih ewu pitungatus (Rp 2.700).
Pak Anton       :  “Matur nuwun banget ya  Mas, aku njaluk ngapura yen ngganggu pegaweyanmu”.
Guncang         :  “Nggih sami-sami Pak”. Mangga.”

Mangkono mau caritane tukang angon bebek sing arane Guncang anggone nglakoni pegaweyane kanthi sregep lan rasa seneng sing pungkasane bisa ngasilake dhuwit akeh kanggo nyukupi kebutuhane saben dinane.