20151010

Teks Serat Wulangreh pupuh Pangkur

Serat Wulangreh pupuh Pangkur



1
Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang kanggo ing wong urip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipun kadulu, miwah ta ing tata krama, den kaesthi siyang ratri.

2
Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu, tan kena tininggala,  tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng  myang nendra, duga-duga aja kari.

3
Miwah ta sabarang karya, ing prakara gedhe kalawan cilik, papat iku datan kentun, kanggo sadina-dina, rina wengi neng praja miwah ing dhusun, kabeh kang padha ambekan, papat iku aja lali.

4
Kalamun ana manungsa, tan anganggo ing duga lan prayogi, iku watake tan patut, awor lawan wong kathah, degsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak- pedhak nora wurung neniwasi.

5
Pan wus watake manungsa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah muna mininipun, pan dadi panengeran ingkang pinter kang podho miwah kang luhung, kang sugih lan kang melarat, tanapi manungsa singgih

6
Ulama miwah maksiyat, wong kang kendel tanapi wong kang jirih, durjana bobotoh kaum,lanang wadon pan padha, panitiking manungsa wawatekipun, adadene wong kang nyata, ing pangawruh kang wus pasthi.

7
Tinitik  solah  muna,  lawan  malih  ing  laklawan  linggih,  iku  panengeranipun, winawas ginrotan, pramilane ing wong kuna-kuna iku, yen amawas ing sujalma, datan amindho gaweni.

8
Ginulang sadina-dina, wewekane ing basa lan basuki, ing jubriya-kibiripun, sumungah lan sesongaran, mung sumendhe sakarsanira Hyang Agung, ujar sirik kang rineksa, kautaman ulah wadi.

9
Ing masa mengko pan nora, kang katemu laku basa basuki, ingkang lumrah wong puniku, dhengki srei lan dora, iren meren pisastene pan kumingsun,sasolahe tan prasaja, jail mutakil basiwit.

10
Alaning liyan den andhar, ing becike liya kang den simpeni, becike dhewe ginunggung kinarya pasamuan, tan rumasa alane dhewe ngandhukur, wong mangkono wewatekny, nora pantes den pedhaki.

11
Iku wong durbala murka, nora nana mareme jroning ati, sabarang karepanipun, sanadyan wus katekan, arep maneh nora marem saya mbanjur, luwamah lawan amarah, iku kang den tuti wuri.

12
Ing sabaransolah tingkah, ing pangucap tanapi nyang alinggih, tan suka sor ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujalma pangrasane dhewekipun, tan ana kang  madhanana, angrasa luhur pribadi.

13
Aja nedya katempelan, watek ingkang tan becik tinutwuri, watek rusuh nora urus, tunggal  lawan  manungsa,  dipun  sami  anglabuhi  kang  apatut,  parapan  dadi tuladha, tinula mring wong kang becik.

14
Aja  lunylumur  genjah,  angrong  prasanakan  nyumur  gumuling,  ambubuti  arit puniku, watak kang tan raharja, pan wong lunyu nora kena dipun enut, monyar- manyir tan antepan, dela lemeran puniku.

15
Para  panginan  tegesnya,  genjah  iku cecegan  barang  kardi,  angrong  prasanak liripun, karem ulah miruda, mring rabine sadulur miwah bebatur, tuwin sanak prasanakan, sok senenga dan ramuhi.

16
Nyumur guling punika, ambelawah datan duwe wewadi, nora kene rubung-rubung, wadine   kang   den   urap,   mbuntut   arit  punika   pracekanipun,   apener   neng pangarepan, nggarretel dumunung wuri.

17
Sabarang kang dipun ucap, nora wurung mung plehe pribadi, iku lelabuhan patut, aja nedya anelad, ing wateke kangnem prakoro punika, kang sayogya ngupayoa, anglir mastimbul ing warih.