20151010

SOAL BASA JAWA

Soal :
      I. Wangsulana pitakenan ing ngandhap punika kanthi maringi tandha ping ( X )!

1.Ingkang  nganggit serat Wulangreh inggih punika
     a. R. Ng. Ranggawarsita
     b. Ki Hadiwijana Yasawidagda
     c .Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV
     d. Sultan Hamengkubuwana IV

2.Serat Wulangreh Pupuh pangkur dumadi saking ………… pada.      
a. 15                      
b. 16                   
c. 17                      
d. 18

3. Saben sapada dumadi saking ………….. gatra.
a. 5                        
b. 6                         
c. 7                          
d. 8

4. Tiyang gesang punika kedah saged mbedaaken saha nyumerepi “awon “ tuwin
    sae  sarta tansah  ngecaaken tatakrama. Isi serat punika dipuntedhahaken  
    wonten ing pada  kapisan gatra ….
a. 1, 2, 3                    
b. 2, 3, 4                  
c. 4, 5, 6                
d. 5, 6, 7

5. Tiyang ingkang boten mangertos tatakrama punika kawastanan………
a. digdaya                 
b. prasaja                 
c. pralaya              
d. degsura

6.Prabotipun tiyang gesang punika ingkang boten kenging dipuntilar inggih  
punika :
     a. deduga, durbala, digsura, lan reringa
     b. deduga, prayoga, watara lan reringa
     c. deduga, durbala, watara lan reringa
     d. deduga, prayoga, digsura lan reringa

7. Prabotipun tiyang gesang ( 4 bab ) punika kaemot ing pupuh Pangkur pada :
a. kaping 1             
b. kaping 2           
c. kaping 3            
d. kaping 4

8.Ala lan becik puniku, prayoga kawruhana. Tegesipun tembung “prayoga” ngemu  
    teges :
a. mangertosi          
b. awon                 
c. sae                     
d. bingung

9. Dene tembung kawruhana tegesipun inggih punika :
a.dipunmangertosi                                      
b. dipuntambahi                                         
c. dipunicali
d. dipunsinaoni

10. “ Denkaesthi siyang ratri”. Tembung “siyang ratri” ngemu teges…
a. awan bengi         
b. esuk sore                  
c. awan              
d. bengi

11.   Nenimbang bab-bab ingkang sae tumrap sedaya ingkang badhe  dipuntindaaken.   
        Ukara punika tegesipun tembung :
a.deduga                
b. prayoga                     
c. watara            
d. reringa

12.   Kedah ngatos-atos amargi ngadhepi sedaya babagan ingkang dereng mesthi,
        Punika tegesipun tembung :
a.deduga                
b. prayoga                     
c. watara            
d. reringa

13. Sekawan parabotipun tiyang gesang punika boten angsal tininggala ing
      samubarang damel.
      Menika wosipun serat Wulangreh pupuh pangkur pada kaping :
a. 1                          
b. 2                              
c. 3                        
d. 4

14. Kalamun wonten tiyang ingkang boten patut dipuntuladha, amargi ngumbar
      tindak  ingkang asor, sampun ngantos dipuncaketi. Wosipun pada
a. 3                          
b. 4                             
c. 5                        
d. 6

15. Ingkang boten  kalebet tindak asor inggih punika :
a. drengki,               
b. dora                      
c. besiwit                
d. jujur