20151010

PRR SMP KLS IX/9 BAHASA JAWA SEMESTER 1 KUR 2013

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

Sekolah                                   :           SMP / MTs
Mata Pelajaran                      :           Bahasa Jawa
Kelas/Semester                      :           IX / 1
Materi Pembelajaran            :           Teks Cerita Ramayana Anoman Duta
Alokasi Waktu                       :           4 X  pertemuan ( 8 JP)

A.  Kompetensi Inti
1.    Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.
2.    Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi, gotong royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
3.    Memahami dan menerapkan pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata.
4.    Mengolah, menyaji, dan menalar dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori.

B.  Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi
 .........

C.  Deskripsi Materi Pembelajaran
Pertemuan 1
Teks cerita  wayang Ramayana lakon Anoman Duta.
A.       Materi Pembelajaran
Wacanen  nyaring kanthi lafal, intonasi, lan lagu sing jumbuh karo swasana lan wateke   
paragane !
ANOMAN DUTA
Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora  dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa  pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati.
Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku  aneng Taman Argasoka, tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi.
            “ Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran Ramawijaya. Dhuh Nini, nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan Pangeran Ramawijaya, rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko sanadyan dedunung aneng Taman Argasoka kang kaluwih-luwih endahe, rasane kaya ing pasiksan. Tujune ana sira Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.”
            Saben-saben Dewi Sinta sesambat kawelas asih, Trijatha tansah nglelipur ngasih-asih, mbelani arawat waspa. Anoman isih singidan aneng pange nagasari kemulan rembuyunge gegodhongan. Atine melu keranta-ranta mulat cintrakane Putri Mantili lan Sri Ramawijaya kang wus sawetara pepisahan. Dumadakan ana kang prapta, Prabu Dasamuka manjing ing Taman Argasoka mbebujuk marang Rekyan Sinta, nyuwun lunturing sih.
            “ Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan Sinta, apa gunane sadina-dina sira tansah sungkawa ngangen-angen marang si Rama, manungsa alasan tanpa guna, ing samubarang sarwa kuciwa. Delengen kawibawaningsun, raja sugih wibawa, kaloka ing donya, manungsa sajagad ora ana sing madha. Ayo Yayi, rewangana mukti wibawa, kabeh raja brana bandha donya Ngalengka darbenana, Yayi. Upama njaluka tumuruning widadari sakethi minangka abdinira, sayekti pun kakang bakal nyembadani. “
            Mireng wuwuse Prabu Rahwana , Rekyan Sinta sumaur sugal, “ Heh Rahwana, ratuning buta gelah-gelahing bawana. Tanpa guna sira milut marang Sinta, aluwung tumekaning pati tinimbang nuruti kekarepanmu kang nistha. Sira nora prawira, nora wani adu arep kalawan Pangeran Rama, mung wani laku cidra  andhustha marang ingsun. Endi tandhane sira  ngaku prawira lan sekti mandraguna ? Kang ana amung wujud buta awatak jirih ingah-ingih wedi getih. Heh Dasamuka, aja ngimpi bisa nyaketi Rekyan Sinta. Menawa adreng sedyamu, sira daksupatani. Kalamun maju sejangkah sikilmu pokah bumine bengkah! Menawa kena koksenggol,  busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok gepok kulitku bakal dak beset, Rahwana !!!”
            Njola Prabu Dasamuka mireng wuwuse Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak, narik candrasa arep ditamakake marang Sinta. Sang Dewi nora wedi marang pangancame Rahwana, pedhes anggone muwus.
            “ Dasamuka mara tibakna senjatamu, dudu prajurit yen sira nora tegel merjaya Sinta. Sira nora pantes sinebut narendra, yen mentala ndedawa sungkawa lan papa cintraka. Jer ingsun nora sudi nuruti sedyamu kang banget nistha, mara age tamakna senjatamu marang dhadhaku heh Dasamuka!!!”
            Lingsem Prabu Dasamuka mireng ngendikane Rekyan Sinta, nuli mundur karo ninggal weling marang Trijatha supaya tansah ngrerimuk penggalihe Dewi Sinta amrih gelem kagarwa.
  Wanara Seta kang umpetan aneng rembuyunge pang nagasari wus nora tidha-tidha yen wanodya ayu kuru aking iku Rekyan Sinta kang den goleki. Mudhun saka pang mau Sang Anoman nuli ura-ura nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang nandhang prihatin, wiwit pisah karo kang garwa ya  Dewi Sinta, nganti saiki ketemu lan sabaya pati karo Prabu Sugriwa ratuning wanara.
Rampung Anoman anggone kekidungan nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang pisah lan ngupadi  garwa kinasihe ndadekake erame Sang Dewi uga Trijatha lan para cethi. Lagi iki ngerti ana wanara wulune putih memplak, nyandhang kaya manungsa, kathik pinter ngidung suarane ngumandhang angenganyut kalbu.
Dewi Sinta mireng tembange mau, temah mijil waspanira keranta-ranta ing galih emut marang Sang Ramawijaya. Anoman mudhun saka pang nagasari, laku dhodhok sila marikelu. Dewi Sinta andangu aris:
“ Mengko ta wanara seta, sira iku sapa? Solahira kaya manungsa, kathik bisa ngidung nyaritakake lalakone Pangeran Ramawijaya? “
“ Dhuh Sang Kusuma, kula pun Anoman dutanipun Sri Ramawijaya. Dening Sri Rama miwah Sang Kapindra Sugriwa kula kautus niti priksa kayuwanan Paduka wonten Ngalengka ngriki. Ing samangke garwa paduka Sang Ramawijaya miwah rayi paduka Sang Laksmana nyanggrah wonten ardi Maliyawan, rinatu dening bala wanara. Sedaya sampun samapta wonten Maliyawan, badhe nglurug dhateng Ngalengka, Gusti.”
Dewi Sinta sajak cubriya, “ Mengko ta wanara seta, sira ngaku aran Anoman dutane Pangeran Ramawijaya. Kuwi tenan apa mung kongkonane Rahwana kang arep apus krama ? Awit nalika ingsun dicidra Rahwana, wektu semana angliwati samodra kang jembar kaya tanpa wates, tangeh ana titah kang bisa nyusul kejaba  Peksiraja Garudha utawa angin. Pandugaku sira mesthi kongkonane Rahwana supaya apus krama marang ingsun. “
“ Dhuh Gusti kula Putri Mantili, kula pun Anoman putranipun Sang Hyang Bayu dewaning maruta, saestu dutaning Sri Ramawijaya. Menawi paduka kirang pitaya, dening Sri Rama kula mundhi agemanipun sesupe, minangka tandha bukti. Kula aturi nampi, Gusti. “
Rekyan Sinta nampani ali-ali kang diaturake Anoman. Kejot penggalihe, runtuh waspane, ora pangling iki kalpika agemane ingkang raka. Diagem ing jenthik manis katon logro, ngalih ing jejenthik isih tetep logro, awit saka banget kuru sarirane Sang Dewi.
“ Heh Anoman, nyata sira duta kang sejati. Sakabehing aturira minangka panglipuring manahingsun. Kalpika wus ingsun tampa, iki aturna marang gustimu Pangeran Rama, cundhamanik kancing rikma agemaningsun, minangka tandha yen sira wus ketemu kalawan ingsun. Lan iki aturna nawalaningsun  marang Pangeran Rama. “
Anoman nampani cundhamanik sarta nawala saka Dewi Sinta, nuli nyuwun pamit sarwi ngaras padane Sang Dewi. Sadurunge mundur saka ngarsane Sang Dewi, Anoman ninggal piweling.
“ Dhuh Gusti Putri Manthili, mugi lejara ing galih, sampun tansah sungkawa. Boten dangu malih raka Paduka Sri Ramawijaya badhe rawuh ing Ngalengka ngirit bala wanara. Nagari Ngalengka badhe dados samodra getih, Rahwana kedah nyaur kadurjananipun, amargi sampun wantun damel kasangsaran tumprap Sri Rama lan ugi paduka. “
                                                                  

2.  Negesi  Tembung  kang  Angel
Ø  Wanodya                                 :  Wanita
Ø  Sang Hyang Dewangkara       :  Srengenge
Ø  Duta                                        :   Utusan
Ø  Kisma                                      :   Lemah
Ø  Disingitake                              :   Didhelikake
Ø  Dununge                                 :   Panggonane
Ø  Kasowanake                            :   Diadhepake
Ø  Penggalihe                               :   Atine
Ø  Rinantu                                   :  Dienteni
Ø  Nawala                                    :  Serat, layang

Pertemuan 2
Teks cerita  wayang Ramayana lakon Anoman Duta
Pertemuan 3
Teks cerita  wayang Ramayana lakon Anoman Duta.
Pertemuan 4
Teks cerita  wayang Ramayana lakon Anoman Duta

D.   Kegiatan Pembelajaran
1.    Pertemuan Pertama
a.    Kegiatan Pendahuluan (10 menit)
1)        Guru memberi salam,` Peserta didik merespon  salam dari guru
2)        Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa
3)        Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru
4)        Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru
5)        Guru menampilkan dan memperkenalkan tokoh-tokoh wayang Ramayana, peserta didik memperhatikan

b.        Kegiatan Inti (60 menit)
        ..................

c.        Kegiatan Penutup (10 menit) 

1)        Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini
2)        Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang.
3)        Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya

2.    Pertemuan Kedua
a.    Kegiatan Pendahuluan (10 menit)
1)        Guru memberi salam, Peserta didik merespon  salam dari guru
2)        Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa
3)        Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru
4)        Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru
5)        Guru mengingatkan kembali materi sebelumnya

b.        Kegiatan Inti (60 menit)
       ..............................................

c.        Kegiatan Penutup (10 menit)


1)        Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini
2)        Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang.
3)        Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya

3.    Pertemuan Ketiga
a.   Kegiatan Pendahuluan (10 menit)
1)        Guru memberi salam, Peserta didik merespon  salam dari guru
2)        Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa
3)        Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru
4)        Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru
5)        Guru mengingatkan kembali materi sebelumnya

b.         Kegiatan Inti (60 menit)
        ..........................

c.         Kegiatan Penutup (10 menit)

1)        Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini
2)        Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang.
3)        Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya

4.    Pertemuan Keempat
a.   Kegiatan Pendahuluan (10 menit)
1)        Guru memberi salam, Peserta didik merespon  salam dari guru
2)        Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa
3)        Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru
4)        Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru
5)        Guru mengingatkan kembali materi sebelumnya

b.         Kegiatan Inti (60 menit)
        ......................................

c.        Kegiatan Penutup (10 menit)

1)        Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini
2)        Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang.
3)        Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya



E.  Penilaian
A.    Penilaian
1.         Teknik dan Bentuk Instrumen
        ............................

2.         Contoh Instrumen Penilaian
a.         Pengamatan Sikap
Lembar Pengamatan Sikap
 ..........................................

Rubrik penilaian sikap
...........................................

B.     Tes Tertulis

Wangsulana pitakon – pitakon ing  ngisor iki kanthi trep!

1)   Adhedhasar wacan crita wayang Ramayana lakon Anoman Dhuta, sebutna paraga-paragane lan watake!
2)   Anoman diutus Prabu Ramawijaya nggoleki  sapa?
3)   Apa buktine menawa Anoman iku utusane Prabu Ramawijaya?
4)   Anoman diutus Prabu Ramawijaya menyang  ngendi?
5)   Sebutna piwulang becik apa wae sing bisa kokjupuk saka crita wayang Ramayana Anoman Dhuta!

KUNCI  JAWABAN
1.Paraga ing  crita  Anoman Dhuta yaiku
-  Anoman watake sae, tanggung jawab
-  Dewi  Shinta  watake  setya tuhu marang  garwa, sabar
- Trijatha  watake sabar lan wicaksana
-  Dasamuka  watake  angkara murka
-  Wibisana watake  wicaksana
2. Dewi  Shinta 
3. Buktine  yaiku  Ali ali kagungane Prabu Ramawijaya
4. Negara Alengka
5.Piwulang  becik ing crita  Anoman  Dhuta yaiku
   -           Menawa didhawuhi kudu ditindakake kanthi becik
                        -           Ora kena tumindak ala,
                                               
Pedoman Penskoran
Saben wangsulan kang  bener diwenehi biji 2.saengga  menawa  bener kabeh  bijine 10.


C.    Media/Alat dan Bahan Pembelajaran
o      Media Pembelajaran
Gambar tokoh wayang Anoman, Sinta, Rama, Dasamuka, dsb.
o      Alat dan Bahan Pembelajaran
Laptop, LCD

D.    Sumber Belajar
o   Majalah berbahasa Jawa
o   Buku teks yang relevan






Semarang,   17  Maret 2015
Mengetahui:                                                                Guru Mata Pelajaran  Bahasa Jawa
Kepala Sekolah,


....                                                                                ....

NIP.                                                                            NIP.