20151019

Tembang Dhandhanggula Kangge Upacara Sungkem

1. Rama ibu kang luhuring budi
    Ingkang hangukirjiwa lan raga
    Kang agung pangurbanane
    Paring pituduh luhur
    Rina wengi tansah hangesthi
    Mrih rahayuning putra
    Lulus kang ginayuh
    Sadaya ribet rubeda
    Linambaran kanthi sabaring penggalih
    Tuhu pantes sinembah.

2. Kadya sinendhal rasaning ati
    Panyungkeme kang putra sajuga
    Tumetes deres waspane
    Tan kawawa jroning kalbu
    Ngondhok-ondhok rasaning galih
    Alon ngandikanira
    Dhuh angger putraku
    Sun tampa panyungkemira
    Muga-muga antuk barkahing Hyang Widi
    Nggonira jejodhohan.

3. Piwelingku aja nganti lali
    Anggonira mbangun bale wisma
    Runtut atut sakarone
    Adohna tukar padu
    Tansah eling sabarang ati
    Kuwat nampa panandhang
    Tan gampang amutung
    Dadiya tepa tuladha
    Uripira migunani mring sesami
    Hayu - hayu pinanggya.