20151017

SASI SURA

Sasi Sura

Sasi kang jarene keramat, lan sakral. Sebab akeh kang ngomongake menawa sasi Sura kuwi, sasi kang dinggo sesuci lan talak brata tumraping wong Jawa. Malah ana kang percaya, menawa jroning sasi Sura iku wanci kang becik kanggo njamasi pusaka.

Nanging uga ana kang sadhengah wis ora nggatekake babar pisan tumrap kahanan kuwi. Ana kang nganggep menawa Sura kuwi ya mung sasi biasa, kang ora perlu ditanggapi kanthi keladuk. Nalikane disowani ing Karaton Kasunanan Surakarta, KGPH Puger, Pangageng Museum Lan Pariwisata Karaton Kasunanan Surakarta, njelasake menawa sasi Sura kuwi sasine wong Jawa.

Sebab 1 Sura kuwi kajupuk saka petung jamane Sultan Agung Hanyakrakusuma ing Karaton Mataram. Lan kuwi mertandhakake menawa sasi Sura kuwi asli penanggalan Jawa Mataram.

Dene kenangapa wulan Sura dianggep keramat, miturut panjlentrehing Gusti Puger, wong Jawa kuwi mawas telung perkaraning urip. Yaiku purwa, madya, lan wasana. Lan sasi Sura kuwi dianggep purwa utawa bebuka utawa wiwitan.
Mula gandheng dianggep wiwitan, kudu diwiwiti kanthi niat, tekad, lan laku kang resik sarta utama. Saengga, anggone nglakoni sasi-sasi sak bare kuwi bisa kalis sagung godha lan rubeda.

“Sura kuwi tegese wani. Mula ing sasi Sura iki awakke dhewe kudu wani miwiti taun anyar kanthi luwih becik katinimbang sak durunge. Klebu tindak sak pecak, pangandikan sak klimah, lan pikiran kudu wani mulat sarira, supaya luwih becik lan kasembadan kang sinedya,” panjlentrehe Gusti Puger.

Dene perkara anane kirab ing sasi Sura, Gusti Puger kandha menawa kuwi minangka sarana mulat sarira, lan nyenyuwun marang ngarsaning Gusti Kang Maha Kuwasa. Lan iki tradhisi kang wis turun temurun wiwit saka jaman leluhur Jawa mbiyen.

Mula ing kana disimbolake kanthi wujude sesaji gecok bakal, gecok dadi, lan gecok mentah. Gecok bakal tegese wong urip kuwi kudu eling bebakale utawa asal-usule, gecok dadi mengku karep wong urip kuwi kudu bisa dadi manungsa kang becik lan utama, dene gecok mentah yaiku wong urip kuwi kudu bisa sak lugune utawa jujur anggone nglakoni urip.

“Dadi kabeh dadi simbol panyuwunan lan piwulange urip. Mulane ing kene sasi Sura dadi sasi kang sakral, sebab diniati miwiti sakabehing pakarti kanthi sedya kang becik,” pangandikane Gusti Puger.