20151017

Serat Wulangreh Pupuh Durma

Sinau Basa Jawa
Serat Wulangreh Pupuh Durma anggitan Sri Susuhunan Pakubuwana IV

Pada 1
Dipunsami ambanting sariranira,
cegah dhahar Ian guling,
da¬rapon sudaa,
nepsu kang ngambra-ambra,
rerema ing tyasire¬ki,
dadi sabarang,
karsanira lestari

Pada 2
Ing pangrawuh lair batin aja mamang
yen sira wus udani
mring sariranira
lamun ana kang murba
masesa ing alam kabir
dadi sabarang
pakaryanira ugi

Pada 3
Bener luput ala becik lawan beja
cilaka mapan saking
ing badan priyangga
dudu saking wong liya
mulane den ngati ati
sakeh dirgama
singgahana den eling

Pada 4
apan ana sesiku telung prakara
nanging gedhe pribadi
puniki lilira
yokang telung prakara
poma ywa nggunggung sireki
sarta lan aja
nacat kepati pati

Pada 5
lawan aja maoni sabarang karya
sithik sithik memaoni
samubarang polah
tan kena wong kumlebat
ing masa mengko puniki
apan wus lumrah
uga padha maoni

Pada 6
mung tindake dhewe datan winaonan
ngrasa bener pribadi
sanadyan benera
yen tindake wong liya
pasti den arani sisip
iku wong ala
nganggo bener pribadi

Pada 7
nora nana panggawe kang luwih gampang
kaya wong memaoni
sira eling eling
aja sugih waonan
den sami saklajeng budi
ingkang prayoga
sapa sapa kang lali

Pada 8
ingkang eling iku padha angilangna
marang sanak kanca kang lali
den nedya raharja
mangkono tindakira
yen tan nggugu liya uwis
teka menenga
mung aja sok ngrasani

Pada 9
nemu dosa gawanen sakpadha padha
dene wong ngalem ugi
yen durung pratela
ing temen becikira
aja age nggunggung kaki
meneh tan nyata
dadi cirinireki

Pada 10
dene kang wus kaprah ing masa samangkya
yen ana den senengi
ing pangalemira
pan kongsi pandirangan
matane kongsi malirik
nadya alaa
ginunggung becik ugi

Pada 11
aja gelem aja mada nora bisa
yen uga masa mangkin
iya ing sabarang
yen nora sinenengan
den poyok kapati pati
nora prasaja
sabarang kang den pikir

Pada 12
ngandhut rukun becike ngarep kewala
ing wuri angarsani
ingkang ora ora
kabeh kang rinasanan
ala becik den rasani
tan parah parah
wirangronge gumanti

Isine tembang Durma

Pada 1  :
Manungsa aja seneng ngumbar hawa nepsu

Pada 2  :
Golek ngelmu, utawa nindakake pakaryan kudu kanthi tumemen, aja rangu – rangu lan gampang nglokro

Pada 3  :
Yen ana kaluputan mono aja ndumuk marang wong liya, ananging dumuken awakmu dhewe (introspeksi)

Pada 4  :
Ana telung prekara kang dadi pepelingmu, yakuwi aja umuk lan nyacat marang liyan

Pada 5   :
Aja seneng maido marang samubarang kalir

Pada 6 :
Kaya – kaya awake dhewe sing dirasa paling bener, lan wong liya tansah kleru

 Pada 7 :
Ora ana panggaweyan kang luwih gampang tinimbang maido wong liya, ngono kuwi ora becik.

Pada 8 :
Kudu tansah ngelingake marang sapadha – padha supaya slamet, yen ana sing ora nggugu, menenga. Aja melu – melu.

Pada 9  :
Yen ana omongan ala lan becik aja langsung kokpercaya yen durung weruh saknyatane.

Pada 10 :
Yen ana wong seneng, utawa ora seneng marang sira ngono anggepen lumrah. Sanajan ana kang mliriki (ora seneng) tanggapana kanthi becik.

Pada 11  :
Sanajan ora bisa, aja gampang muni ora bisa. Sanajan ora seneng, aja moyoki. Sanajan ora becik, timbangen dhisik.

Pada 12  :
Saka ngarep katone rukun, ananging ana mburi ngrasani. Ala becik dirasani kabeh. Aja kokgagas, kabeh bakal ilang dhewe.