20151019

Drama pendek Bahasa Jawa

Dialog Drama pendek Bahasa Jawa 

Sawijining esuk, Maryati dan Suparmiyatun bocah loro saka kutha Semarang iki silaturahmi ana daleme  Eyang kakung lan Eyang Putri ing daerah Ambarawa sing subur lemahe lan endah pemandangane. Saktenane Maryati lan Parmiyatun dudu  arep dolan nanging bocah loro mau arep nggarap tugas penelitian saka guru pembimbinge. 
Maryati :“Hey Parmiyatun! daleme Eyang Kakung  lan Eyang Putri nangdi? Kok ket mau ra ketemu!”
Parmiyatun :“Emm, Mar..! Ngapurane ya! Aku lali daleme Eyang Kakung lan Eyang Putri Supriyati Asmane wae kuwi nek ra salah. Haha.”
Maryati :“Aduh, asmane mbah Supri pasaran ya!  nang endi-endi  ana! Oh iya iki awake dhewe wis tekan Ambarawa, wong awake dhewe ket mau ro pakdhe Paryona kok bingung daleme nengdi. haha”
Parmiyatun :“Oh iya ya!”
Bocah loro, banjur nyuwun pirsa babagan daerah panggenanipun  Eyang Kakung lan Eyang Putri ing Ambarawa. Karo nyuwun pirsa apa maksud lan tujuwane digawa mrene karo pakdhe. 
Pakdhe :“Kae daleme mbah Supri! Kana mudhun, Pakdhe Paryana arep balik sesuk takpethuk nang kene titip salam kangen wae kagem simbah ya”
Parmiyatun :“Inggih pakdhe.”
Bocah loro mau mudhun lan ngidak lemah pengunungan kang seger lan adhem  banjur nyalami Eyang Putri lan Eyang Kakung
Eyang Putri :“Ealah Parmiyatun! Piye kabare padha sehat ta
Parmiyatun :“Eyang Putrikula badhe penelitian kalian Maryati babagan Pertanian teng mriki”      
Eyang Putri :“Oh. Ya uwis kana mlebu resik-resik awak dhisik. Nek arep penelitian babagan pertanian  temonana  wae mb Rukinii, bocahe ya lagi nliti pertanian . Rukini kae mahasisa TPSTKJ ( Sekolah Tinggi Turunan Pak Supriyanto Tani Kondang Jatinegaran)”
Parmiyatun lan Maryatun mara menyang balai desa nggoleti mbak Rukini, nanging saktekane  balai desa Mbak Rukini  ora ana.Wusanane bocah loro mau mulih  lan rencanane arep nemoni mbak Rukini dina esuke.
.....Dina sabanjure
Parmiyatun lan Maryati mbaleni mara menyang balai desa, kanthi ngliwati dalanltengah sawah kang tumuju menyang bale desa.
Maryati : ‘’Tun, Atun...ana mbak-mbak petani ayu kae.’’
Parmiyatun : ‘’Ayo parani wae , sapa ngertii awakdewe isa takon babagan pertanian”
Maryati : ‘’ Sugeng siyang,, Mbak ..?
Mbak Rukini : “Nggih, sugeng siyang, wonten menapa nggih?”
Parmiyatun :  “Namung badhe taken mawon babagan pertanian kok mbak”’
Mbak Rukini : “Oh, saged -saged, badhe kangge napa to? Kok mbak-mbak  ingkang ayu-ayu kok purun dhateng  sawah kados ngaten?”
Maryati : “Badhe penelitian babagan pertanian mbak”
Parmiyatun : “Wawancaranipun saget kita milai? (logat wartawan mewawancarai artis).
Mbak Rukini : “Mangga, ning kula mboten ngertos sanget babagan pertanian lho dik”
Maryati : “Nggih mbak, pitakenan kaping setunggal, kados pundi tata caranipun  tandur?”
Mbak Rukini :” ngileni banyu, nyukoni, ngluku, nggaru, gawe winihan, nyebar,ndhaut, mbanjari, lajeng tandur.”
Parmiyatun :” Ngileni banyu menika tegesipun sawah ingkang  bakal dipungarap dipunileni toya supados siti utawi lemah empuk lan gampil panggarapipun,, inggih napa mboten,mbak?’’
Mbak Rukini : “inggih, leres”
MaryatI : “ Lajeng nyukoni  menika menapa mbak?’’
Mbak Rukini : “Nyukoni punika maculi ing pojokan sawah lan ugi perangan pinggir ingkang mepet galengan amarga papan wau mboten keliwatan waluku lan garu”
MaryatI :“O, nggih, menawi ngluku punika ngagem piranti ingkang naminipun luku, nggih?”
Parmiyatun : “Ya iya ta,,Mar, ...”
Mbak Rukini : “lha menawi nggaru punika ngertos mboten?’’
MaryatI : ”Sampun, mbak.....apa  ya Par?’’
Parmiyatun : ”Oalah, Mar.., nggaru kuwi ngaluske lemah, pirantine nganggo garu”
MaryatI : Lajeng, damel winihan menika tegesipun menapa, mbak?’’
Mbak Rukini : “ Damel winihan menika  damel papan kangge nyebar winih ingkang badhe dipuntanem.”
MaryatI :  “lajeng, nyebar winih nggih?’’
Parmiyatun : “Ya, iya ya,  mau mbake rak wis ngendika ngono,.... Mar,coba, nyebar kuwi apa?”
MaryatI : “Ya mestine nyebar winih ing pawinihan to?’’
Mbak Rukini : “Nanging, winih mau kedah dikum rumiyin laminipun tiga ngantos gangsal dinten .l”
MaryatI : “Ngono ya Par...”
Parmiyatun :  “ –Lha iya____-‘’
MaryatI : “Menawi ndhaut punika kados pundi?’’
Mbak Rukmini : “Ndhaut menika njabut  lan ngresiki oyot winih ingkang badhe dipun tanem. Ngatos-atos ampun ngantos pedhot oyotipun, lajeng ditaleni kalih tekem- kalih tekem.” 
Parmiyatun : “Ngono hlo Tun”
Maryati : “   Iya ya-_________-‘’
Parmiyatun : ‘Lajeng, mbanjari punika kados pundi?”
Maryati : “Aku ngerti –ngerti..... mbanjari kuwi winihe diwratakake ing sawah kang wujud ler-leran.”
Mbak Rukini : “inggih, leres.tujuwanipn supados ingkang tandur boten tebih anggenipun mendhet  lan saged dipunkinten-kintenkirang mboten winihipun.”
Maryati : “Haaaa...bar kuwi mesthi tandur’’
Parmiyaun :  “ Ya iya ta, wong ya wis rampumg ”
Maryati : “Mbak..matur nuwun sanget nggih.mbak anggenipun nyuwun pirsa sampun cekap, badhe nyuwun pamit,..”
Parmiyatun : “Mbok bilih kathah kalepatan, nyuwun pangapunten mbak.    ”
Mba Rukini : “ Nggih, sami-sami....ngatos –atos nggih   dhik .”
( salim, trus bali )