20151019

Tuladha Teks Sesorah / Pidato

Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun,
Bapak..... minangka Kepala Sekolah SMP......,ingkang tansah winengku ing pakurmatan.Ibu Bapak Guru sah staf  Tata Usaha ingkang winengku ing karahayon.
Sarta anak-anakku kabeh, siswa kelas VII, VIII, lan IX sing taktresnani.

Ayo kita kabeh memuji ngaturake panuwun marang Gusti sing Maha Agung sing wis paring berkah marang kita kabeh saengga ing wektu iki kita bisa kumpul ing lapangan iki saperlu nganakake upacara kaya adat saben dina Senin tanpa ana rubeda apa bae.

Bocah-bocah sing taktresnani, ing kalodhangan iki Bu Palupi arep crita marang kowe kabeh, apa sing tau takdeleng durung suwe iki. Pirang wulan kepungkur ing Pemalang ana pentas aneka satwa sing manggon ing Sirandu. Wektu iku dipentasake maneka warna kewan kaya ta manuk kakaktua, lingsang, beruang madu, lan lumba-lumba. Kewan mau padha mamerake kepinteran werna-werna. Bisa jejogedan manut iringan musik, etung-etungan, pit-pitan, dodol-dodolan bakso lan liyane.

Ndeleng tontonan mau atiku trenyuh banget, semono gedhene kuasane Gusti Allah saengga kewan-kewan mau bisa dilatih pinter tumindak kayadene manungsa. Apamaneh bareng tontonan mau wis rampung, para penonton padha genti-genten foto bareng karo lumba-lumba. Pancen lumba-lumba kuwi dikenal minangka kewan sing cerdas. Sawise aku mau ngungun ndeleng atraksine lumba-lumba sing apik banget mau, aku tambah eram amarga lumba-lumba mau kanthi sabar ngancani para penonton sing kepengin foto bareng. Kaya-kaya dheweke kepengin nyenengake penontone.

Bocah-bocah sing taktresnani,  kuwi mau critaku nonton pentas aneka satwa sing nabet banget ing atiku minangka guru. Coba Cah, saupama kewan-kewan mau urip ing alam bebas, apa kira-kira bisa padha pinter kaya kuwi ? Ora ta ? Aku mbayangake, mesthi ora gampang tumrap para pawang lan pelatihe nggladhi kewan-kewan mau nganti bisa pinter lan trampil nindakake prentahe para pelatih lan bisa dadi tontonan sing apik banget. Apamaneh kewan-kewan mau ora bisa diajak komunikasi kaya manungsa. Mesthi mbutuhake wektu suwe lan kesabaran sing luwih-luwih.

Bocah-bocah, sabenere tontonan mau mujudake piwulang kanggo kita kabeh, yen arep nggayuh apa bae kanthi hasil sing apik kudu sinau kanthi temen, sabar, lan tlaten. Manungsa iku salawase urip kudu tansah sinau. Nalika isih cilik, bapak lan ibu kanthi tlaten momong lan nuntun kita, kawit durung bisa mlaku nganti saiki wis padha pinter mlayu.  Ngajari wicara, kepriye kita bisa matur kanthi sopan, uga bab-bab liyane sing prasaja nanging wigati kanggo urip kita. Bareng wis sekolah bapak ibu guru  kanthi sabar mulangake kawruh.

Sing sakawit kita ora bisa dadi bisa, sing ora ngerti dadi ngerti. Saliyane mulangake kawruh, bapak ibu guru uga menehi pitutur bab kabecikan lan budi pekerti, saengga para siswa bisa mbedakake endi sing ala lan becik. Kanthi mengkono siswa ora mung jembar kawruhe nanging  uga dadi  bocah sing becik bebudene. Mula para siswa, yen kowe diparingi piwulang lan pitutur saka bapak ibu guru, kabeh mau tampanen kanthi  seneng, sanajan angel lakonana kanthi sabar lan ikhlas. Mengko kowe sing bakal ngundhuh lan ngrasakake paedahe, sebab ilmu mau  bakal dadi sanguning uripmu kanggo ngadhepi sakabehing kahanan.

Bocah-bocah sing taktresnani mula ayo kita bebarengan nindakake pakaryan sing utama, sing migunani kanggo  panguripan. Sinau kanthi temen supaya apa sing dadi gegayuhan kita bisa kasembadan. Ora ana tembung kasep lan tembung angel, sing ana mung tembung   ora gelem ngupaya. Muga-muga apa sing takomongake iki  mumpangati kanggo kowe kabeh. Tak kira cukup semene omonganku iki manawa ana lupute aku njaluk pangapurane. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.