20151017

TULADHA ATUR PASRAH PANAMPI PENGANTEN

Aturipun Panatacara
Badhe Upacara Pasrah Temanten
Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah, wondene ingkang kepareng hamasrahaken panjenenganipun
Bp ___________ minangka sulih salira panjenenganipun
Bp ___________ (ingkang mengku gati, menawi temanten saking wisma palereman) Bp ___________ (Besan, menawi putra temanten saking dalemipun piyambak).
Wondene ingkang piniji hanampi panjenenganipun Bp ___________ jumenengipun Bp ___________ ingkang kepareng hanjajari panjenenganipun Bp ___________ ingkang sarta
Bp ___________ hambok bilih sampun samekta ing samudayanipun saha swasana kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji, sumangga nun nuwun.


Atur Pasrah Temanten Kakung
Assalamu alaikum Wr. Wb.
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi tansah kajiwa kasarira wonten panjenengan sadaya dalasan kula. Panjenenganipun Bp ___________ (ingkang nampi) keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapak saha Ibu (besan) kula kinen masrahaken putra temanten kakung pun Bagus ___________ mugi katur panjenenganipun Bapak saha Ibu ___________ (ingkang mengku gati).
Wondene kalampahanipun mekaten, kala wau wanci tabuh ___________ temanten kakung kula pendhet saking dalem ___________ (alamatipun besan), saking wisma palereman (menawi sampun kapondhokan) kanthi kairing para sepuh, kulawangsa sanak kadang pawong mitra sawetawis, kula bekta / kanthi sowan ing dalem pawiwahan mriki kanthi gangsar, lancar rahayu wilujeng nir ing sambekala.
Pramila ngemban dhawuh ___________ wigatosing sedya, keparenga hing mangke temanten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken dhumateng panjenengan minangka sulih saliranipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) cundhuk kalihan lampahing adicara.
Ing wasana hambok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika kirang ndadosaken pirenaning penggalih mugi diagung pangaksama panjenengan, nuwun, nuwun maturnuwun.
Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Aturipun Panatacara Sasampunipun
Pasrah Temanten Kakung Ngancik Panampi
Nun inggih, paripurna atur pasrah temanten kakung panjenenganipun (ingkang pasrah) gya tinampi panjenenganipun Bp ___________ (ingkang nampi) minangka talanging basa panjenenganipun
Bp ___________ (mengku gati) ing wasana wekdal kasumanggakaken.

Nuwun.

Atur Panampi Pasrah Temanten Kakung
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun Bp ___________ (ingkang pasrah) ingkang hangemban wajib luhur ing madyaning bebrayan ageng ingkang sinuba ing pakurmatan.
Nun inggih saderengipun kula nampi wosing gati rawuh panjenengan kanthi hangirid para kadang panekaring putra temanten kakung, mboten kekilapan kula ugi ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti purbaningrat, awit panjenengan sadaya dalasan kula tansah dipun keparengaken kempal manunggal saperlu netepi darmaning agesang wonten madyaning bebrayan ageng, mugi Gusti Ingkang Maha Kawasa tansah paring suka basuki rahayu ingkang sarwi ginayuh.
Panjenengartipun Bp ___________ (ingkang pasrah) menggah lekasing pangandika panjenengan hamasrahaken putra temanten kakung kula tampi kanthi sae, handadosaken suka bingahing manah, salajengipun badhe kula aturaken dhumateng panjenengariipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) karana badhe kapanggihaken miturut tata cara adat widi widana ingkang sampun sinengker, mugi laksitaning upacara panggihing putra temanten ing mangke tansah manggiha rahayu wilujeng nir ing sambekala sarta karoban sihing Gusti ingkang Maha Agung. Pungkasaning atur kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp ___________ (mengku gati) tansah tumadhah lubering pangaksama, karana kiranging suba sita, kalentuning basa sastra anggen kula matur kalebet anggen kula nampi panjenengan sarombongan.
Kajawi saking punika panjenengan sarombongan taksih kula suwun hanjenengi panggihing sri penganten ngantos dumugi purnaning pawiwahan ing wekdal punika.
Ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamu ‘alaikum Wr.Wb.

Aturipun Panatacara Sasampunipun
Pasrah Panampining Putra Temanten Kakung
Paripurna pasrah panampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus raharja nir ing sambekala.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, wus dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning upacara salajengipun inggih panggihing putra temanten sekalihan, menggah ingkang piniji manggihaken putra temanten nun inggih Ibu ___________ minangka panganthining putra temanten putni Ibu ___________ ingkang sarta Ibu ___________ wondene ingkang nyamektakaken uba rampening panggih Ibu ___________ dhumateng panjenenganipun Ibu ___________ minangka pangembaning sekar cepaka sasele mugi keparenga hamapag jengkaning putra temanten putri saking sasana adi, jengkaring putra temanten putri ingkang sarta panggihing putra temanten sekaliyan binarung ungeling gangsa Kodhok Ngorek, kalajengaken Ketawang Larasmaya, laras pelog pathet barang sumangga, nuwun.