20151019

Atur Pambagyaharja

Tuladha Atur Pambagyaharja

Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Para pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes kinurmatan, para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya, para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana.
Keparenga kula mambeng anggen panjenengan sadaya katemben wawan pangandikan, karana kula piniji Bp ___________ sekalihan, kinen ngaturaken wudharing gantha babaring sedya, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya wigatosing gati ing kalenggahan punika.

Minangka purwakaning atur langkung rumiyin sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken atur puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barkah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula saengga maksih saget kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.
Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning wiwahan punika panjenenganipun Bp ___________ sekalihan lumantar kula ngambali ngaturaken sugeng rawuh sinarengan raos pãnuwun ingkang tanpa pepindhan, kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih, wondene lekas wekasing sedya wigatosing gati kula aturaken ing mriki, nadyan panjenengan sadaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing palenggahan punika ingkang sampun sinerat ing kintaka wara punapa dene jawilan.

Nun inggih netepi darmaning asepuh Bp___________sekalihan ing kalenggahan punika mahargya suta hamiwaha siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih namipun Rr ___________ kaleksanan dhaup kallyan Bg ___________ priya tanaya panjenenganipun
Bp ___________sekalihan ingkang pidalem ing ________ ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning adat kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala, ingkang punika panyuwunipun
Bp ___________ (ingkang mengku gati) wonten ngarsa panjenengan sadaya mugi wontena lilaning panggalih para tamu kakung putri paring jurung puja hastawa puji hastuti dhumateng temanten sarimbit anggenya badhe gesang wonten ing alam bebrayan tansah runtut atut miwah bagya mulya sembada ingkang jinangka basuki kang kaesthi.

Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan karana sih pambiyantunipun para sanak kadang pawong mitra langkung - langkung para warga RT ___________ ingkang punika hambok bilih panjenenganipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) mboten saged mangsulaken karana lahir, amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan.

Para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana Bp ___________ sekalihan lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sadaya, kiranging tanggap tangguh gupuh mugi diagung pangaksama, mboten kekilapan dhumateng para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sadaya, hambok bilih wonten kiranging suba sita lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sadaya.

Hing wasana minangka pepuntoning aturipun Bp ___________ sekalihan lumantar kula hambok bilih wonten kiranging boja miwah krama mugi para tamu ngluberaken samodra pangaksama ingkang agung, kula minangka talanging basa kathah atur kula ingkang mboten hanuju prana labet kula ugi hanglenggana kiranging seserepan miwah kirang pana dhumateng ing reh suba sita, basa tuwin sastra, kula amung tumadhah lubering pangaksama, salajengipun wekdal kula aturaken wangsul dhateng kadang panatacara.
Akhirul kalam Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.