20110218

Serat Centhini


       Isi, Amanat, Sejarah, Latar Belakang Serat Centhini.
A.    Isi Serat Centhini
Serat Centhini ingkang baken wenten 12 jilid kinten-kinten a 350 kaca ngagem seratan tangan huruf jawa. Sedaya wonten 12 x 350 kaca = 4.200 kaca  folio. Isi serat Centhini kaosta ilmu pngertosan, kabudayan, kasusastran, seni, falsafah, agami, ramalan, pralampita, adat tata cara. Sifat manungsa lan kewan, jampi-jampi lan sanes-sanesipun. Amargi punika serat Centhini dipun kenal kanthi sebatan ensiklopedia, inggih punika sedaya ilmu ingkang wonten ing bumi pulau Jawa.
Serat Centhini minangka karya ingkang ageng lengkap lan unik. Dipun milai saking sekar sinom minangka pupuh ingkang sepisan pada (bait) sepisan lan pupuh ingkang pungkasan tembang sarkasa wonten 670 pada, saklajengipun dipun tambah 2 pada minangka panutup, dados wonten 672 pada.  

B.     Amanat Serat Centhini
-          Gotong royong
-          Ramah anggenipun nampi dayoh
-          Akrab dumateng sinten kemawon
-          Kepercayaan (Islam, Budha)
-          Filsafat ilmu kasampurnaan
-          Jiwa, priahtin, tirakat, tapa brata
-          Ilmu asmara (ilmu bersenggama)
-          Obat-obatan lan penyakit
-          Pertunjukan lan seni
-          Tata cara lan pasinaan

C.     Sejarah Serat Centhini
Serat Centhini dipun yasa dening Paku Buwono V dipun wiwiti ing dinten Sabtu Pahing 26 Sura. Paksi Suci Sabda Aji, angka tahun jawa 1742 ingkang asma Suluk Tambangraras. Ngantos samenika sampun kaserat ulang ngantos enem versi inggih punika :
1.   Serat Centhini Baku
2.   Serat Centhini Pingsungsun, Sri Sunan Paku Buwono VII Surakarta ke Negeri Belanda
3.   Serat Centhini Basa Jawa Timur
4.   Serat Centhini Basa Jawa Pegon
5.   Serat Centhini Jalalen
6.   Serat Centhini Among Raga

"WULANGSUNU"


1.      Pesan Moral ing Teks Wulangsunu Pupuk I
Wulangsunu punika nggadahi piwulang dating kitha anggenipun bakti dating tiyang sepuh. Sok sintena ingkang mboten nderek pitedah ingkat kaserat, niscaya badhe sia-sia ing donyo akherat badhe angsal mala petaka, sak sampunipun pejah ing neraka. Amargi Bapa lan Ibu sampun ngopeni kitha awit lair dumugi sakniki sampun kathah pengorbananipun. Anggenipun nglairaken kitha ibu ngraosaken sakit ingkang sanget ngantos nyawa dipun tohaken. Ibu mboten eco nedhi lan tilem angwnipun ngopeni kitha sanajan naming dahar sekul uyah lan nelesi padaran dipun lampahi ibu kanthi ikhlas lan mboten pamrih punapa-punapa ngantos kitha dewasa.
Ananging menawi kitha tumindak aniyaya dumatheng tiyang sepuh kitha, badhi dipun siksanipun luwih awrat, kanthi mekaten kitha kedah nuruti ibu bapa kitha. Mboten angsal kitha wani dating ibu bapa kitha. Kitha mboten angsal mangsuli pangandikanipun ibu bapa kanthi suwanten ingkang kasar. Menawi kitha tumindak aniyaya dumatheng akhirat, benjang pejah dipun mungsuh Gusthi ingkang agawe jagad, kanthi siksa Malaikat.
Kitha kedah tumindak ingkang sae sopan santun, mboten pamer, mboten gawe sengsara tiyang sanes, supados gesang kitha ayem tentrem lan mboten susah. Kitha menawi gadah kapinginan supados tumindak kanthi kekiyatanipun piyambak mboten ngantos kitha mboten kiyat. Dados tiyang ingkang sae budi pakartinipun, utama tumindakipun, ngertos tatakrama, bakti dating ibu bapa supados gesang kitha boten susah.

"TULADHA ATUR PAMBUKA PANGGIH"

assalamu,alaikum, Wr, Wb
Katur wonten ing ngarsanipun sesepuh, pinisepuh saha aji sepuh ingkang pana ing pamawas saha lebda ing pitutur ingkang satuhu kinabekten.
Para alim ulama, para kyai ingkang rinten dali tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi ingkang pinangka punjering panuntun kiblating panembah, ingkang pantes tinulad saha tinuladha dening para umat ingkang satuhu kinurmatan.
Para pangemban pangembating praja manggalaning negari minangka pandam pandom pangayomaning kawuladasih ingkang satuhu sinuyudan. Sagung para rawuh kakung sumawana putri ingkang pantes nampi sagunging pakurmatan.
Puji syukur kunjuk ngarsa pepada dalem gusti ingkang maha mirah, ingkang sampun kepareng paring kabagyan kawilujengan katentreman, satemah ing siang punika panjenengan sedaya lan kula saged kempal manunggal wonten dalemipun bapa                 sekalian kanthi rahayu tanpa reridu, wilujeng tanpa pambeng.
Sholawat sarto salam mugi katur wonten ngarsa junjungan kita, nabi agung nabi Muhammad SAW, ingkang sampun paring pitedah dhumateng panjenengan lan kula kanthi satataning agami islam lan tansah kita antu-antu safaatipun wonten ing yaumul kiamah mangkih.

Tedhah deduka dene kula sapun kumawani jejer wonten ngarsa panjenengan kanthi hanilar ing tata krami tuwin subasita, inggih kadereng anggen kula nuhani pamundhutipun bapak………….sakulawarga, minangka pambiwara laksitaning pahargyan prasaja ing siyang punika, nun inggih hanyarengi dinten……….. surya kaping …………..wulan ….. warsa 2009,  Bapa ………. Sekalian kepareng hamengku karsa, ngawontenaken pahargyan ngunduh temanten putra kakungipun nun inggih adimas bagus                     ingkang sampun kapalakramaaken kalian Rara                 putra pawestrinipun bapa .............. ingkang pidalem ing tlatah..................

Sagung para adi lenggah ingkang satuhu luhuring budi ,parandene urut reroncening adicara ingkang sampun rinantam rinakit rinakit dening kadang panitia nun inggih
·         Tatacara pinurwakan kanthi pambuka
·         Kalajengaken adicara ingkang angka kalih nun inggih lung tinampi pinanganten kekalih
·         Paripurna panampining pinanganten kekalih, kalajengaaken tumapaking adicara ingkang saklajengipun inggih punika kumandanging waosan ayat suci alquranulkarim, ingkang punika dhawah wonten ing adicara ingkang angka sekawan.
·         Adicara ingkang angka gangsal inggih punika atur pambagya yuwana saking pamengku gati
·         Kalajengaken adicara ingkang angka enem inggih punika wedharan utawi mauhdhatul hasanah kalajengaken dongo panutup
·         Minangka panutuping adicara peparingipun pudyastawa saking para tamu dhumateng pinanganten kekalih kanthi ajawat asta.
Mekaten menggah urut reroncening adicara ingkang badhe lumados ing ngarsa panjenengan sedaya, sumangga panjenengan kula dhereaken lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih sinambi ngrantu laksitaning adcara, sru panyuwun kula panjenengan kersa hanjenengi, hangestreni minggahipun paring panjurung pandonga ngantos paripurnaning pahargyan punika.
Kula pribadi nyuwun tambahing pangestu mugi anggen kula ngayahi jejibahan saged lumampah kanthi gansar lancar, mboten wonten pambeng setunggal punapa. Nuwun                                                                                                                                                                                         
ACARA

Panjenenganipun para tamu kakung saha putri miwah para lenggah ingkang tansah kinurmatan, ngengeti wekdal sampun sak-antawis siyang lan murih gansaring adicara ing kalenggahan punika mangga kula dhereaken hambebuka adicara ing siang punika kanthi waosan ummul kitab

(SURAT ALFATIHAH)

Sodakallahulngadhim 2x, mugi-mugi kanthi waosan ummul kitab kala wau saget dadosna adicara ing ari kalenggahan punika purwa madya wasana boten wonten alangan setunggal punapa-punapa kemawon.
            Panjenenganipun para tamu kakung sumawono putri, miwah para lenggah ingkang mahambeging darma, minangka adicara ingkang angka kalih nun inggih lung tinampining pinanganten kekalih. wonten ing sing punika pasrahing pinanganten kekalih badhe kasarira dening Bp                  minangka sulih sarira saking keluarga Bp   , hawit saking punika dhumateng panjenenganipun Bp                     kasumanggaken.

(PASRAH PENGANTEN)

Kanthi terwaca cetha, wijang gamblang kaduk ruruh angarah prana panjenegnanipun  Bp........... sampun kepareng amedharaken wigatosing sedya ingkang kineker wonten ing penggalih, nun inggih hamasrahaken pinanganten kekalih, katur wonten ngarsanipun para sepuh, mila saking punika keparengna Bp.............. minangka sulih salira saking panjenenganipun Bp.......... sakulawangsa, kepareng  hanampi sri atmaja pinanganten kekalih. Dhumateng panjenenganipun Bp ...........kasumanggaaken sumangga.

(PANAMPI PENGANTEN)

Mekaten sampun paripurna adicara pasrah panampining pinanganten kekalih kanthi lulus raharja boten wonten alangan setunggal punapa-punapa.
Sagung para adi lenggah ingkang pantes hanampi sagunging pakurmatan, menggah adicara ingkang angka sekawan inggih punika ngumandhanging waosan ayat suci alquranul karim ingkang badhe kawaosaken dening Bp...............
Kanthi nuraganing manah kula suwun dhumateng para rawuh saha para lenggah ing mangke saklebetipun kawaosaken kalimahing gusti allah, panjenengan sedaya kula suwun kendel lan mugi tansah pinaringan rohmating gusti ingkang punika cundhuk kalian janjinipun gusti inggih wonten ing surat al a’rof ayat 204.


(WAOSAN AYAT SUCI ALQURAN)
Bapak ibu tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan, mekaten sampun lumadi wonten ngarsa panjenengan sedaya  nun inggih adicara waosan ayat suci alquran ingkang sampun kawaosaken dening Bp...............
Mugi-mugi kanthi ngumandhanging ayat suci al quran punika, bangkit nambahi santosaning manah lan mugi-mugi guna faedahipun waosan ayat suci alquran saget mahanani tumrap ingkang maos, pinanganten kekalih lan panjenengan sedaya lan kula.
Sagung para adi lenggah ingkang luhuring budi





(NGANCIK PAMBAGYA YUWANA)
Sagung para adi lenggah ingkang luhuring budi, sawatawis panjenengan sedaya sampun sumene sawatawis, mila saking punika badhe hangancik adicara ingkang saklajengipun inggih punika atur pambagya yuwana. awit raos bombong bingah mongkoging manah ingkang pamenggku gati pepindhanipun kados kajugrugan ing wukir sari kabalabak ing samodra madu awit sampun lebda hanetepi darmaning asepuh, anguningani karawuhan panjenengan sedaya, ing mangke daya-daya Bp................ sekalian ibu kepengin sanget atur pambagya yuwana, ananging sedaya wau , awit raos bingahipun ingajeng, amung saget kandheg wonten ing samodayaaning jangga. Mila saking punika tumunten badhe tinalang basa dening panjenenganipun Bp............... minangka tetuwangganing desa krandon lor mriki. Murih jumbuh ingkang sarwi ginayuh , sembada ingkang sarwi jinangka, dhumateng panjennganipun Bp kasumanggaaken

20110217

AKSARA JAWA


AKSARA  JAWA LAN PASANGAN



a H    nN        cC        rR     kK

Ha           Na           Ca          Ra       Ka



fF         tT      sS     wW      lL

Da           Ta            Sa         Wa        La



pP       dD       jJ       yY     vV

Pa              Dha         Ja         Ya       Nya




mM           gG        bB       qQ      zZ    

Ma              Ga          Ba         Tha       Nga