UPACARA TINGKEBAN
Upacara Tingkeban utawa uga diarani
mitoni iku salah sijine upacara sing ditindakake kanggo mengeti jabang bayi
umur 7 wulan ing kandhutane ibu. Miturut para winasis tembung mitoni asale saka
tembung ‘ pitu ‘ , bisa ditegesi pitutur, pituduh tumuju marang kabecikan lan
kaluhuran. Dene yen sacara medis, nalika
jabang bayi ngancik umur 7 wulan dheweke wis duwe wewujudan utawa
jasmani sing wutuh kaya salumrahe
manungsa. Mula kaanan iku terus dipengeti kanthi nganakake syukuran.
Lumakune upacara tingkeban yaiku
diwiwiti kanthi sungkeman. Ibu sing
nggarbini dikanthi garwane sungkem marang wong tuwa loro-lorone. Yaiku wong
tuwa saka pihak bapak luwih dhisik, diterusake marang wong tuwa saka pihak ibu.
Sing angka loro yaiku acara siraman.
Calon bapak nyebarake kembang mlathi ing jero genthong isi banyu, ibu sing
mbobot mau nganggo sandhangan jarit lan kemben lungguh neng panggonan sing wis
cumawis. Kanthi diampingi garwane, calon ibu mau wiwit disirami dening para
sepuh kakung lan putri cacahe pitung pasang. Sing sepisanan nyirami yaiku wong tuwa saka pihak kakung. Ibu maratuwa
nyiramake banyu kembang ing pamidhangan
kanan kering terus ing mustakane. Kaya mengkono mau genti genten nganti
kabeh sesepuh rampung nyirami.
Rampung kuwi diterusake acara mecah tigan sing ditindakake calon
bapak, karo ngendika : “ Lanang gelem, wadon gelem, waton slamet ! ” Endhog
ditempelake urut saka panglarapan, medhun tekan kandhutan, terus dipecah. Ukara
ing dhuwur ngemu teges yen kita kudu narima ing pandum apa sing diparingake Gusti
Allah, putra lanang apa wadon. Sing luwih wigati ibu lan putra sing dilairake
kabeh slamet lan lair kanthi gangsar.
Nalika nggarisake endhog mau badane calon ibu ditutup nganggo kain putih sing
nglambangake suci.
Sawise kuwi diterusake acara patut-patut. Ing acara iki, ibu sing
mbobot ganti busana kaping pitu. Busana sing diagem mujudake pilihane para
sesepuh. Busana sing paling pungkasan diagem lumrahe dipilihake jarit “
Truntun” lan kemben “ Banguntulak “. Jarit lan kemben mau mengku teges lan
panyuwunan supaya bapak ibu sing bakal nampa momongan mau tansah rukun
turun-tumurun lan kalis saka rubeda.
Rampung acara patut-patut, diterusake procotan cengkir sing digambari Kamajaya Kamaratih. Calon bapak
milih salah sijine cengkir mau kanthi cara mungkur. Yen sing dijukuk cengkir
sing gambar Kamajaya, manut kapercayan bayine mengko lair kakung, dene yen sing
kajukuk gambar Kamaratih, suwalike, bayine wadon.
Cengkir sing kapilih mau terus diemban
ibu marasepuh lan ditembangi kaya ngemban bayi. Bar kuwi terus dipapras nganggo
bendo. Yen banyu sing metu saka cengkir muncrat dipercaya bayine mengko lanang.
Nanging yen banyu sing metu ndlewer, ateges bayine wadon. Kuwi mung manut
kapercayan bae, dene kanyatane lanang apa wadon kabeh saka kuwasane Gusti
Allah.
Acara sing sabanjure yaiku syukuran ngiris tumpeng loro. Pucuke tumpeng sing siji diaturake marang bapak ibu marasepuh ( saka pihak calon bapak ), dene sijine maneh diaturake marang wong tuwane pihak ibu. Minangka acara sing pungkasan yaiku dodol rujak lan dhawet dening calon bapak lan ibune si jabang bayi. Acara iki ngemu surasa supaya bayi ing tembe tansah pinaringan murah rejeki.
Acara sing sabanjure yaiku syukuran ngiris tumpeng loro. Pucuke tumpeng sing siji diaturake marang bapak ibu marasepuh ( saka pihak calon bapak ), dene sijine maneh diaturake marang wong tuwane pihak ibu. Minangka acara sing pungkasan yaiku dodol rujak lan dhawet dening calon bapak lan ibune si jabang bayi. Acara iki ngemu surasa supaya bayi ing tembe tansah pinaringan murah rejeki.