ANAKE BAKUL SAYUR
Aku iki anake bakul sayur in Pasar Bulu
Semarang. Saben esuk sadurunge sekolah mesthi mbiyantu simbok lan bapak
ngusungi dagangan sayuran menyang pasar. Saka omahku tekan pasar ora patia
adoh. Mung udakara setengah kilo adohe. Sayur dakwadhahi kranjang kiwa tengen
daktumpakake pit onthel.
Saben
keprungu adzan subuh ing mesjid At-Taqwa Bulu, aku banjur tangi. Aku banjur
melu subuhan ing mesjid. Simbok lan bapak, anggone wungu sare methi sadurung
aku tangi. Sawise subuhan, simbok lan bapak banjur nata dagangan sayur kang
bakal didagangake ana Pasar Bulu. Wondene bapak nliti sayuran kang nomer siji
utawa sayuran kang apik-apik, saperlu didhewekake saka sayuran sing rada elek
utawa nomer loro. Sawise ngono banjur kajupuk lan kalebokake kranjang kang siap
dipikul lan kang diemot ing pit onthel.
Maklum
mung anake tukang sayur nanging nduwe panjangka utawa cita-cita bisa kuliah
sarjana. Wis ta, pokoke aku saben dina sregep nyambut gawe mbiyantu simbok lan
bapak. Rasa isin lan gengsi ilang kabeh. Sawise mbiyantu ngeterake sayur ing
Pasar Bulu, aku banjur adus lan tata-tata mangkat sekolah. Yen esuk-esuk arang
sarapan. Sarapane mengko yen ngaso sekolah wetara jam sanga seprapat, aku tuku
jajanan ing ngarep SMP Semarang minangka panggonanku golek ngelmu.
Esuk
iku ngepasi dina selasa, aku tangi rada kawanan. Dhek
bengi anggonku sinau nganti tangah wengi, yaiku jam siji luwih, lagi mapan turu
amarga lagi mid semester genap. Senajan bapak lan simbok ora tau duka menawa
ora ngrewangi, nanging aku dhewe sing rada pekewuh, kagawa saka rasa tresnaku
marang wong tuwa loro kang wis nggedhekake
aku, apa maneh aku anak tunggal utawa bocah ontang-anting. Esuk iki aku
isih ngantuk banget , mlaku wae isih rada ora jejeg lan sirahku krasa mumet
banget, nanging sapa maneh sing mbiyantu simbok lan bapak.
“Le..., yen isih ngantuk ora usah
dipeksa. Kana turu maneh, mengko awakmu dadi seger lan ora ngantuk.” Ngendikane
bapakku karo maringi dhuwit kanggo sangu sekolah yaiku rong ewu rupiyah kaya
padatan.
“Matur nuwun sangunipun nggih, pak.
Kula boten patosa ngantuk. Kula badhe ngeteraken dagangan sayur langkung
rumiyin.” Wangsulanku marang bapak.
“Ya wis, sing ati-ati ya, Le.”
Ngendikane bapakku lan simbokku. Simbok nggendhong sayuran, dene bapak sing mikul.
Simbook lan bapak banjur tindak dhisik. Ora let suwe, sawise nata sayur, aku
uga banjur nyusul menyang pasar. Lawang omah dakkunci. Kaya adate, wayah jam
semono iku para among dagang wis padha wiwit ngusungi dagangane. Pit dakgenjot,
rada banter. Semribite angin esuk krasa atis banget.
“Anton.... “ keprungu swarane wong lanang setengah tuwa
nyeluki aku. Aku banjur noleh. Dakgoleki sumber swara mau. Nanging ora ana
wonge. Aku dadi bingung. Nanging ora let suwe, saka kadohan keprungu swara
nyeluki aku maneh. “Anton....” amarga aku bingung sapa sejatine sing nyeluki.
Aku noleh karo numpak pit onthel. Ora ngertia, ing ngarepku ana simbah tuwa
kang lagi metu saka kampung yaiku saka dalan Bulu Stalan III A lan nggawa
masakan arep didagangake menyang Pasar Bulu. “Mak brek....” wong wedok tuwa mau
njerit. Sayuran lan masakan mateng sing siap didol ing pojok Pasar Bulu ing
sisih kulon, wutah kabeh amarga daktabrak. Simbah tiba lan sambat-sambat awake
lara, amarga tiba lan isih kesiram sayuran panas.
Aku dhewe tiba. Tangan lan sikilku
lecet-lecet. Nanging ora dadi ngapa. Saiki sing dakpikir, kepriye simbah sing
daktabrak mau. Aku tangi lan nulung marang wong tuwa mau. Simbah daktulungi lan
daktangekake alon-alon. Wong tuwe mau nangis sesenggrukan. Kejeba lara awake,
uga nggetuni dagangane kang wutah kabeh. Ing batine simbah, dina iku ilang
rejekine lan terus kepriye kanggo nyambung uripe. Ing mangka wong tuwa iki mau
ulu pametune utawa penhasilane ya mung saka dodolan matengan ing pojoking Pasar
Bulu.
“Sakit mbah?” pitakonku kanthi swara
alon. Nanging simbahe mau ora wangsulan. Malah nangis sesenggrukan karo
ngendika : “ aku mengko mangan apa, daganganku wutah kabeh. Kowe anake sapa?
Ayo diijoli dhuwit, duwe apa ora. Yen ora diijoli daklaporke polisi. Yen numpak
pit ngati-ati, ora malah ndlenger. “
“Inggih mbah, samangke kula aturi
arta satus ewu. Samangke kula suwunake simbok kula. Simbok kula inggih sadeyan
sayur ing peken mriki. Ing Peken Bulu Pojok Wetan, sacelakipun tangga.“
Krungu omongku
kang kaya mengkono, ana Bapak setengah tuwa nyedaki simbah mau lan menehi
dhuwit rong atus ewu. Dheweke karo ngendika : “ Mbah, boten usah sedhih, boten
usah muwun. Punika dagangan panjenengan kula gantos kalih atus ewu. Cekap ta,
mbah? “
Mangkono
ngendikane wong lanang setengah tuwa mau karo nggulurake dhuwit rongatus ewu
saka dhompete. Simbah seneng atine, nuli ngendika : “ Lho ko kathah... kathah
sanget anggon sampeyan nggentosi? “ mangkono pangandikane simbah karo swara kan
ora patia cetha, amargo untune wis ompong.
“Boten punapa, menawi kirang nyuwun pangapunten,
menawi langkung panjenengan bekta kemawon, mbah.” Mangkono pangandikane wong
lanang setengah tuwa mau kang swarane persis nalika nyelukake aku sadurunge
nabrak simbh mau.
Sawise atiku ora dheg-dhegan, ora ngertia, wong
lanang setengah tuwa mau guruku nalika ing SD biyen, sing wis sawetara wektu
ora ketemu. Guruke iki hobine utawa kesenengane pancen olahraga. Sanajan
yuswane wis setengah abad luwih, nanging esih gesit, trengginas, lan cekatan.
Dhasar priyayine gedhe dhuwur, brengose kandel, kulite kuning langsat. Sanajan
yuswane ora enom maneh, nanging isih durung kethok tuwa. Malah yen ing
sekolahan dadi kasenengane utawa idolane para siswa.
“Lho... ko panjenengan, Pak. Nuwun sewu, ngrepoti.
Matur nuwun sanget, Bapak sampun mbiyantu kula. Saumpami boten wonten Bapak,
kula saged dijotosi tukang becak lan dipuncepeng polisi. “
“Ya, padha-padha. Ora dadi ngapa, Ton. Sing wigati
kowe slamet lan simbah sing koktabrak mau uga slamet. Pancen tinulung. Ora usah
mbedakake. Aja dumeh iku pinter, bodho, sugih, miskin ing ngarsane Gusthi iku
padha. Nanging sing wigati maneh aja tulung menthung, iku ora
becik. wis kana terusna menyang pasar ngeterke sayuran, mengko mundhak
dienteni ibumu. Ngati-ati, jumbuh karo unen-unen yitna yuwana, lena kena.”
“Inggih, Pak. Matur nuwun.” Mangkono aturku marang
wong lanang setengah tuwa kang ora liya gurukub SD biyen. Pit onthel dhak
genjot maneh, sadhela wae aku wis tekan pasar. Kaya ngapa kagete simbok lan
bapak, ngerti tangan lan sikilku lecet-lecet.
“ Kowe kena apa, Le ?” Pitakon simbok marang aku.
Aku meneng sadhela banjur matur.” Kula nembe dhawah lan nabrak tiyang.”
Mengkono aturku marang simbok lan bapak. Nanging simbok isih ngoyak pitakon
maneh. “ Lha sing koktabrak sapa lan kepriye kaanan wonge?” mangkono simboku
nguber pitakonan marang aku. “Anu... anu, tiyang ingkang kula tabrak, niku lho
mbok.. sing sadeyan maem wonten pojok peken Bulu sisih kilen, sing griyane Bulu
Stalan III A.” mangkono aturku karo rada kesusu.
“Lho kuwi rak Mbah Yem, isih sedulure dhewe
saka Pakmu ta, Le. “ krungu ngendikane simbok lan bapak, yen wong sing nembe
daktabrak jebul Mbah Yem sing ora liya sadulurku dhewe, atiku banjur
dheleg-dheleg, ngelingi kedadeyan sing lagi wae kelakon. Kamangka, yen iku bener
Mbah Yem, prasasat aku dosa, amarga manut critane simbok lan bapak, aku nalika
esih cilik dimong Mbah Yem. Ya Mbah Yem ikuk sing momong aku wiwit TK nganti SD
kelas siji.
“Ya wis, yen ngono aku sesuk maneh yen ngepit kudu ngati-ati” batinku. Awit kadadeyan sing lagi wae kelakon, atiku sekala ora jenjem, tansah kelingan marang wong tuwa kang daktabrak. Geneya aku kok kurang ngati-ati, malah ndlenger sakarepku dhewe. Kadadeyan iki pancen tansah ngabed ing jroning atiku.